MAKALAH BAHASA JAWA : UPACARA TEDHAK SITEN
Senin, 29 Oktober 2018
TUGAS BAHASA JAWA
UPACARA ADAT TEDHAK SITEN/PITON-PITON
PEMBIMBING: NINIK ISTIQOMAH S.Pd
Kelompok 3
Nama Anggota:
1. Cyndi Septika (06)
2. Krisnawan Hidayat (14)
3. Miftakul Yanuba K.N (17)
4. M. Ibnu Malik (21)
5. Riska Oktapianti (27)
6. Zeida Nurjanah (35)
Kelas: XI-IPS 1
UPTD SMAN 1 TANJUNGANOM
TAHUN PELAJARAN 2018/2019
ATUR PANGGIRING
Saos syukur marang Gusti Allah ingkang samun paring rahmat lan karunia marang kita supaya kita bisa ngrampungake makalah iki sing judule “Adat jawa tedhak siten”. Makalah iki ngandhut informasi masyarakat jawa lan budaya ing jerone. Dikarepake makalah iki wis samesthine saget kanggo nyedhiani lan menehi informasi kanggo kita kabeh pihak tansah kita arepke lan enteni kanggo nambah kesempurnaan saka makalah iki. Akhiripun, kita maturnuwun saget karo kabeh sing wis melu ing persiapan makalah iki saka wiwitan nganti rampung. Muga-muga Allah meridhai usaha kita.
Aamiin.
DAFTAR ISI
Halaman judul..............................................................
Atur panggiring..........................................................
Daftar isi
Bab 1 Purwaka
A. Lelandhesaning panliten............................
B. Underaning prakara....................................
Bab 2 Andharan
Bab 3 Panutup
A. Kesimpulan........................................
B. Daftar pustaka..................................
BAB 1
Purwaka
1.1. Lelandhesaning Paneliten
Indonesia iku sawijining kapulauan sing dumadi saka pirang-pirang pulo lan nduweni maneka kelompok, basa, adat istiadat, utawa apa sing kerep disebut budaya.
Keanekaragaman budaya ing Indonesia kuwi bukti yen Indonesia minangka negara kaya budaya. Kita ora bisa nyangkal yen budaya daerah minangka faktor utama ing panyiapan budaya sing luwih global, sing biasane disebut budaya nasional. Dadi, kabeh budaya daerah bakal nimbulake pengaruh kanggo kabudayan nasional sing asale saka budaya daerah, uga bakal nyedaki budaya daerah utawa budaya lokal.
Kabudayan yaiku kesugihan sing berharga banget lan dadi ciri khas saka daerah uga dadi simbol saka pribadine bangsa utwa wilayah. Amarga budaya punika, potensi lan karateristik saka daerah kudu dijaga. Lan ngriksa budaya tugas saka saben wong, ing tembung liyane budaya punika potensi sing kudu di jaga lan dilestarikne dening saben suku bangsa.
1.2. Underaning prakara (rumusan masalah)
1. Apa tegese upacara tedhak siten?
2. Apa wae ubaramphe lan pirantine upacara tedhak siten?
3. Kepriye tata urutane upacara tedhak siten?
4. Apa tujuane upacara tedhak siten?
BAB 2
Andharan
TEDHAK SITEN
Tedhak siten iku salah sawjine upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 lapan utawa 245 dína. Nalika iku bocah lagí sepisanan ajar mlaku. Selapan yaiku kombinasi 7 dina ing kalender internasional lan 5 dina ing kalender Jawa. Selapan iku pendhak 35 dina pisan. Tedhak siten asale saka rong tembung, yaiku "tedhak’’utawa idak tegese mudhun lan "siten" saka tembung siti kang tegese bumi. Dadi tedhak siten nduweni arti ngidakake sikil ing lemah/pertiwi. Tedhak siten nggambarake kasiapan bocah kanggo nglakonake kauripan kang bener ing mangsa ngarep.Upacara tedhak siten nduweni teges cedhake manungsa karo bumi. Awit nglakokake kauripan kang apik lan bumi lan tetep ngrawat lan njaga bumi. Iku kanggo ngelingaken menawa menehi akeh banget barang kang dibutuhake kangge uripe manungsa. Ing Jawa ana kapitayan masyarakat ngenani bab tedhak siten, yaiku yen lemah iku nduweni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala, mula kanggo ngendhani kadadean sing ora becik dianakake upacara tedhak siten Kaya dene upacara adat liyane, tedhak siten uga nduweni piranti lan ubarampe, yaiku :
1. Pengaron sing diisi kembang setaman.
2. Kurungan, kanggo nggambarake yen donyane anak isih sithik utawa ciut.
3. Werna-werna barang sing diselehake sajroning kurungan kang nggambarake urip lan kawajibane manungsa nggolek nafkah, kayata:
a) pari sabengket
b) kapuk sabengket
c) piranti nulis
d) bokor kang disi beras kuning
e) werna-werna jinis
f) mas-masan
4. Klasa sing isih anyar, kanggo lemek ing njeroning kurungan
5. Udhik-udhik utawa dhuwit logam dicampur beras kuning.
6. Andha tebu "Arjuna", yaiku tebu sing wernane ungu kang nggambarake undhak- undhakane urip sing arep dilakoni anak.
7. Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu, lan jambon. Tegese kanggo ngemutake anak yen urip kudu waspada saka goda kang werna- werna.
8. Bancakan kayata sega gudhangan(urap-urap)sing didumake marang para tamu sing Rawuh.
Tata Carane tedhak siten, yaiku:
Kang kapisan, bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidak Jadah 7 Werna kang kagawe saka beras ketan. Werna wernane, yaiku, putih, ireng, kuning, biru, kain wungu, lan Jambon.Jadah ditata saka warna sing padhang Nganti werna sing peteng. Iku pralambang tumrap bocah kang bisa ngliwati tantangan ing uripe. Urip iku ora gampang nanging kabeh alangan sing dirasakake Mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan kan kasantosan.
Kang kaping pindho, bocah dituntun munggah Andha kang kagawe saka wit tebu ‘’Arjuna’’banjur mudhun maneh.Tebu saka ukara ‘’ antebing kalbu’’tegese yaiku tekad kang mantep . Tebu "Arjuna" nglambangaken supaya bocah lelakone kaya arjuna kang duweni watak satriya lan duweni watak satria lan duweni tanggung jawab. lelakone apik lan seneng tetulung, Mbela kabeneran, lan Bekti Marang negara.
Kaping telu, yaiku bocah dituntun Kanggo mlaku ing wedhi (pasi). Bocah iku nyeker- nyekerake skile ing wedhi, kang nduweni Teges nggolek pangan. Karepe bocah bisa nyukupi kaperluane dhewe manawa wis gedhe.
Kang Kaping Papat, bocah dilebokake Menyang kurungan kang digawe apik lan dilambari klasa.ing njerone ana manekawerna bandha-bandha,kaya pari sebengket,kapuk sebengket,piranti nulis,bokor kang diisi beras kuning,werna-werna jinis duwet lan rerenggan. Kurungan glambangaken donya, dadi dikarepake bocah kuwi mlebu donya lan ing jero uripe bisa kacukupan awit saka pakaryane kang dipilih awit cilik.
Kaping lima, bapak lan simbahe bocah nyebar udhik -udhik utawa dhuwit logam dicampur kembang. Karepe supaya si bocah nalika diwasa bisa dadi bocah kang dermawan lan seneng tetulung. Amarga seneng menehi lan seneng tetulung, dheweke gampang nggolek rejeki.
Kang kaping enem, yaiku bocah mau diadusi nganggo banyu setaman kang wis campuran kembang-kembang (melathi, wungu, kenanga, lan kanthil),.
Kapitu, kang pungkasan urutane upacara,bocah didandani nganggo klambi resik lan apik.karepe supaya si bocah duweni dalan urip kang apik lan bisa agawe seneng kaluargane.karepe ing uripe bocah iku bisa arum jenenge lan bisa ngarumake jeneng kaluargane.
Dene ancase tedhak siten, atur puji syukur marang gusti kang akarya jagad lan bocah iso urip mandiri. Lan bubar iku, para tamu ndhahar panganan kang wis disuguhake.
Tujuan upacara tedhak siten yaiku supaya bocah kuwi sakwise gedhe bisa dadi kuat lan iso ngadek dewe ngadepi tantangan ing panguripan sing bakal dilakoni lan iso kawujud cita-citane.
2.1. Tedhak siten iku salah sawjine upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 lapan utawa 245 dina.
2.2. Tedhak siten uga nduweni piranti lan ubarampe, yaiku :
1. Pengaron sing disi kembang setaman.
2. Kurungan, kanggo nggambarake yen donyane anak isih sithik utawa ciut.
3. Werna-werna barang sing diselehake sajroning kurungan kang nggambarake urip lan kawajibane manungsa nggolek nafkah, kayata: a) Pari sabengket
b) Kapuk sabengket
c) Piranti nulis
d) Bokor kang disi beras kuning
e) Werna-werna jinis
f) Mas-masan
4. Klasa sing isih anyar, kanggo lemek ing njeroning kurungan
5. Udhik-udhik utawa dhuwit logam dicampur kembang
6. Andha tebu "Arjuna", yaiku tebu sing wernane ungu kang nggambarake undhak- undhakane urip sing arep dilakoni anak.
7. Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu, lan jambon. Tegese kanggo ngemutake anak yen urip kudu waspada saka goda kang werna- werna
2.3. Tata Carane tedak tedhak upacara, yaiku:
• Kang kapisan, bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidak Jadah 7 Werna kang kagawe saka beras ketan. Werna wernane, yaiku, putih, ireng, kuning, biru, kain wungu, lan Jambon.Jadah ditata saka warna sing padhang Nganti werna sing peteng. Iku pralambang tumrap bocah kang bisa ngliwati tantangan ing uripe. Urip iku ora gampang nanging kabeh alangan sing dirasakake Mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan kan kasantosan.
• Kang Kaping pindho, bocah dituntun munggah Andha kang kagawe saka wit tebu ‘’Arjuna’’banjur mudhun maneh.Tebu saka ukara ‘’ antebing kalbu’’tegese yaiku tekad kang mantep . Tebu "Arjuna" nglambangaken supaya bocah lelakone kaya arjuna kang duweni watak satriya lan duweni watak satria lan duweni tanggung jawab. lelakone apik lan seneng tetulung, Mbela kabeneran, lan Bekti Marang negara.
• Kaping Telu, yaiku bocah dituntun Kanggo mlaku ing wedhi (pasi). Bocah iku nyeker- nyekerake skile ing wedhi, kang nduweni Teges nggolek pangan. Karepe bocah bisa nyukupi kaperluane dhewe manawa wis gedhe.
• Kang Kaping Papat, bocah dilebokake Menyang kurungan kang digawe apik lan dilambari klasa.ing njerone ana maneka werna bandha-bandha,kaya pari sebengket,kapuk sebengket,piranti nulis,bokor kang diisi beras kuning,werna-werna jinis duwet lan rerenggan. Kurungan glambangaken donya, dadi dikarepake bocah kuwi mlebu donya lan ing jero uripe bisa kacukupan awit saka pakaryane kang dipilih awit cilik.
• Kaping lima, bapak lan simbahe bocah nyebar udhik -udhik utawa dhuwit logam dicampur kembang. Karepe supaya si bocah nalika diwasa bisa dadi bocah kang dermawan lan seneng tetulung. Amarga seneng menehi lan seneng tetulung, dheweke gampang nggolek rejeki.
• Kang kaping enem, yaiku bocah mau diadusi nganggo banyu setaman kang wis campuran kembang-kembang (melathi, wungu, kenanga, lan kanthil),.
• Kapitu, kang pungkasan urutane upacara,bocah didandani nganggo klambi resik lan apik.karepe supaya si bocah duweni dalan urip kang apik lan bisa agawe seneng kaluargane.karepe ing uripe bocah iku bisa arum jenenge lan bisa ngarumake jeneng kaluargane.
2.4. Tujuan upacara tedhak siten yaiku supaya bocah kuwi sakwise gedhe bisa dadi kuat lan iso ngadek dewe ngadepi tantangan ing panguripan sing bakal dilakoni lan iso kawujud cita-citane.
BAB 3
a. Kesimpulan
Suku jawa yaiku suku kang duweni macam –macam kabudayan , mulai saka adat istiadat saben dina, kesenian, ritual, lan liyan-liyane.Salah sijine yaiku budaya tedhak siten sing biasane di lakoni pas bocah umur 7 ulan lan pertama kali mudhun lemah.Kang tujuan-tujuan kang duweni nilai spiritualis lan kebak karo kekarepan sing duwur.Kabeh iku buktikne yen suku jawa yaiku suku kang njunjung masa depan bangsa, lan nyatane ing jawa ana uparaca khusus kanggo anak sing pertama kali mudhun lemah.Tedhak siten iki yaiku kebiasaan masyarakat jawa asli sing kenthel karo spiritual suku jawa.sehingga saka kuwi budaya sing unik kudu kita banggakan lan kita jaga.
b. Saran
Budaya utawa adat istidat jawa yaiku faktor sing paling utama kangga ngedekake kabudayan nasional, maka saka iku kabeh sing kedaden ing budaya daerah duweni pengaruh budaya nasional.saka dasar iku, kita sedaya duweni kewajiban kanggo jaga, ngrawat, lan nglestarekake budaya lokal,utawa budaya daerah, lan budaya nasional, amarga budaya iku bagian saka kepribadian bangsa.
c. Kapustakan
1. Buku Sastri Basa Adhedhasar Pergub Jatim No. 19 Tahun 2014 Muatan Lokal Bahasa Derah Provinsi Jawa Timur Lan KTSP 2013 Kanggo SMA/SMK/MA/MAK Kelas XI
2. Vidaiponks.blogspot.com
d. Panutup
Kula lan rencang kulo sadar ingkang damel makalah niki tasih wonten kekirangan sekedhik lan katahe, ingkang wonten kritik lan saran ingkang ajeng ngleresipun makalah niki, injih sumonggo maringi saran mugi-mugi saget kagem pembelajaran kanggo kita sedaya. Matur Nuwun.
Langganan:
Postingan (Atom)
TUGAS BAHASA JAWA UPACARA ADAT TEDHAK SITEN/PITON-PITON PEMBIMBING: NINIK ISTIQOMAH S.Pd Kelompok 3 Nama Anggota: 1. Cyndi Septika...
-
TUGAS BAHASA JAWA UPACARA ADAT TEDHAK SITEN/PITON-PITON PEMBIMBING: NINIK ISTIQOMAH S.Pd Kelompok 3 Nama Anggota: 1. Cyndi Septika...